Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 12:2 - Kitab Sutji

2 Wong Farisi bareng weruh, padha munjuk marang Gusti Yesus: “Lah sakabat Panjenengan, sami nindakaken ingkang boten dipun parengaken ing dinten Sabat.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 12:2
19 Iomraidhean Croise  

Nem dina sira nglakonana pagaweanira, nanging ing dina kapitu sira lerena, supaya sapi lan kuldinira padha bisa aso; lan supaya anake baturira lan wong kang neneka padha leren.”


Nem dina wong padha nindakna pagaweane, nanging ing dina kapitu kudu ana wektu ngaso kang suci, yaiku Sabat, dina ngaso babar pisan kagem Pangeran Yehuwah. Sadhengah wong kang nglakoni pagawean ing dina iku, kudu kaukum pati.


Manawa sira ora nyawiyah pranataning Sabat lan ora nindakake pagaweanira ing dinaningSun kang suci; manawa sira ngarani dina Sabat “dina kanikmatan”, lan dinaning Pangeran Yehuwah kang suci “dina kang mulya”; manawa sira ngajeni dina iku sarana ora nindakake sakehing pagaweanira sarta ora ngurus urusanira utawa ora omong-omong kang tanpa guna,


Ing kono ana wong kang ceko tangane sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengane: “Ing dinten Sabat punapa dipun parengaken nyarasaken tiyang?” Karepe supaya bisa ngluputake Panjenengane.


Nanging Gusti Yesus ngandika marang wong-wong mau: “Apa kowe ora maca bab tumindake Senapati Dawud dalah para pandhereke nalika padha kaluwen?


Wong-wong Farisi banjur padha matur marang Panjenengane: “Kula aturi mirsani. Punapaa tiyang-tiyang punika sami nindakaken punapa ingkang dados awisan tumrap ing dinten Sabat?”


Gusti Yesus banjur ngandika marang para ahli Toret lan para wong Farisi mangkene: “Marasake wong ing dina Sabat iku kena apa ora?”


Saulihe banjur padha nyawisake anggi-anggi lan lenga jebad. Dene ing dina Sabat padha leren, netepi ing angger-angger.


Nanging banjur ana wong Farisi sawatara kang padha ngaruh-aruhi: “Yagene kowe padha nindakake kang ora diparengake ing dina Sabat?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan