Padha delengen manuk-manuk ing awang-awang, padha ora nyenyebar lan ora derep, sarta ora tetandho ana ing lumbung, ewadene padha kaparingan pakan dening Ramamu kang ana ing swarga. Apa kowe ora kinacek luwih banget katimbang karo manuk-manuk iku?
Nuli ngandika marang wong-wong mau: “Apa kang diparengake ing dina Sabat, tumindak becik apa tumindak ala, nylametake wong apa mateni wong?” Nanging kabeh padha meneng bae.
Padha delengen, manuk gagak iku ora padha nyebar lan ora derep apadene ora duwe gudhang utawa lumbung, ewasamono padha diparingi pangan dening Gusti Allah. Ajimu rak ngungkuli manuk-manuk iku banget!
Ing sawijining dina, pinuju dina Sabat, Gusti Yesus rawuh ing omahe sawijining panggedhene wong Farisi, arep dhahar roti ana ing kono. Kabeh wong kang ana ing kono padha ngulatake Panjenengane kanthi temenan.
Gusti Yesus tumuli ngandika marang wong-wong mau: “Aku takon marang kowe: Apa kang kepareng ditindakake ing dina Sabat, gawe becik, apa gawe ala, nylametake apa ngrusak nyawa?”