10 Ing kono ana wong kang ceko tangane sasisih. Wong-wong banjur padha matur marang Panjenengane: “Ing dinten Sabat punapa dipun parengaken nyarasaken tiyang?” Karepe supaya bisa ngluputake Panjenengane.
Sabab wong gemblung bakal mratelakake gemblunge, tuwin atine ngrancang prakara kang ala, yaiku sumedya murtad sarta ngandhakake bab kang nasarake tumrap Pangeran Yehuwah, ora mreduli marang kothonging wetenge wong keluwen lan marang wong kang ngelak butuh ngombe.
kawula sadaya sampun mbalela tuwin nyelaki dhumateng Pangeran Yehuwah, sarta mundur nilar Gusti Allah kawula, kawula sami ngrancang badhe memeres lan nyleweng, sami ngandhut cidra ing salebeting manah saha nglairaken cidra wau kalayan tetembungan.
Ora ana kang nggugat kanthi alasan kang bener, lan ora ana kang ngadili kanthi alasan kang kuwat; kang diandelake barang kang tanpa guna lan goroh kang diucapake, kang dikandhut kasangsaran dene kang dilairake tindak ambek siya.
Bilai pangoningSun kang goblog, kang ninggal wedhus-wedhuse! Tangane lan mripate kang tengen katempuha ing pedhang! Apusa banget lengene lan mripate kang tengen dadia lamur banget!”
Tumuli ana wong-wong Farisi kang sowan ing ngarsane, sumedya nyoba Panjenengane, ature: “Tiyang punapa dipun kengingaken megat semahipun awit saking sadhengaha sabab?”
Nanging kepalane papan pangibadah iku nepsu, jalaran Gusti Yesus nyarasake wong ing dina Sabat, banjur calathu marang wong akeh: “Dina iku ana enem sing kanggo nyambut-gawe. Mulane tekaa ing salah sijine dina iku supaya diwarasake, nanging aja ing dina Sabat.”
nuli padha dipangandikani mangkene: “Kowe padha ngladekake Wong iki marang aku kokdakwa gawe balelaning rakyat. Kowe padha sumurup dhewe, yen wis dakpriksa, nanging mungguh ing aku bab kang kokgugatake kabeh tumrap Wong iku ora tinemu ana ing Dheweke.
Nuli wiwit padha nggugat, ature: “Kula sadaya sampun sami nyumerepi, bilih Tiyang punika nasaraken bangsa kula, sami dipun penging ngaturaken paos dhateng Sang Nata Agung, saha ngaken, bilih Piyambakipun punika Sang Ratu.”
Manawa wong ditetaki ing dina Sabat, supaya angger-anggere Nabi Musa aja nganti katerak, apa kowe padha panas atimu marang Aku, dene Aku marasake badan sakojur ing dina Sabat?
Unjuke kang mangkono iku mung kanggo nyoba marang Panjenengane, supaya oleha jalaran anggone arep nggugat. Nanging Gusti Yesus tumungkul banjur nyerat ing lemah kalawan racikane.
Sawenehing para wong Farisi mau tumuli ngandika: “Wong kae ora saka ing Allah, awit ora netepi dina Sabat.” Liyane ana kang padha ngandika: “Wong kang nandhang dosa kapriye bisane gawe mukjijat kang kaya mangkono iku?” Temahan padha diyadiniya.