9 Dadi arep apa kowe mrana? Arep ndeleng nabi? Iya, bener, lan Aku pitutur marang kowe, malah kang ngungkuli nabi.
Utawa arep apa kowe mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku kang ana ing kraton.
Sang Prabu Herodhes kagungan karsa nyedani Nabi Yokanan, nanging ajrih karo wong akeh, amarga iku padha nganggep nabi marang panjenengane.
Dene kowe, ngger, anakku, bakal kasebut nabining Allah Kang Mahaluhur, amarga kowe bakal lumaku dadi cecala ndhisiki tindake Pangeran prelu nyawisake dalan kagem Panjenengane,
Nanging yen aku padha kandha: Saka manungsa, wong-wong mesthi bakal padha mbenturi watu marang kita, amarga padha yakin, yen Yokanan iku nabi.”