Atur wangsulane: “Tiyangipun mangangge sandhangan dhiwut-dhiwut, sarta mawi sabuk wacucal ing bangkekanipun.” Sang Prabu tumuli ngandika: “Iku Elia, wong Tisbe!”
ing wektu iku Pangeran Yehuwah paring pangandika lumantar Nabi Yesaya putrane Sang Amos. Mangkene pangandikane: “Sira lumakua, sandhangan bagor ing lambungira iku aja sira anggo mangkono uga trumpahing sikilira.” Iku iya banjur kaestokake, lumampah kalawan lukar lan tanpa trumpah.
Sarta ing wektu iku para kang ngaku-aku nabi bakal padha kawirangan marga saka wahyune samangsa medhar wangsit, sarta ora ana maneh kang manganggo jubah wulu kagawe ngapusi,
Saundure para utusan mau, Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan mangkene: “Nalika kowe padha menyang ara-ara-samun kae arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing mobat-mabit kena angin?
Utawa arep apa kowe mrana iku? Apa arep ndeleng wong kang manganggo sarwa alus? Wong kang manganggo endah lan kang uripe mewah iku panggonane ana ing kraton.
Wong lanang ing antaramu kang ringkih dhewe lan kulina mukti lan seneng nguja pakaremane bakal ewa marang sadulure, marang somahe dhewe sarta marang anak-anake kang isih kari,