Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 11:7 - Kitab Sutji

7 Saundure para utusan mau, Gusti Yesus banjur medhar pangandika marang wong akeh iku bab Nabi Yokanan mangkene: “Nalika kowe padha menyang ara-ara-samun kae arep ndeleng apa? Arep ndeleng glagah sing mobat-mabit kena angin?

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 11:7
15 Iomraidhean Croise  

kang mbludag kaya banyu, temah wurung anggonmu dadi kang linuwih dhewe, marga kowe wus nunggahi paturone bapakmu; wektu iku kowe ngrusak kasucene. Paturonku diunggahi.


Utawa arep apa kowe mrana? Arep ndeleng wong kang nganggo sandhangan kang sarwa alus? Wong kang manganggo sarwa alus iku kang ana ing kraton.


Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateni nganti Panjenengane wis ndadekake menange kabeneran.


Pambaptise Nabi Yokanan iku saka ing swarga apa saka manungsa?” Wong-wong mau banjur padha rembugan bab iku, mangkene pamikire: “Yen aku padha kandha: saka ing swarga. Dheweke bakal mangsuli: yen mangkono yagene kowe ora pracaya?


Banjur diparani dening wong-wong saka ing kutha Yerusalem, saka ing tanah Yudea kabeh lan saka ing wewengkon sakiwatengene bengawan Yarden.


Awit saka iku, patrapmu ngrungokake iku gatekna. Amarga sapa kang duwe iku bakal kaparingan, nanging sing sapa ora duwe, iku bakal kapundhutan dalah apa kang kanyana duweke.”


Gusti Yesus tumuli noleh mirsa yen sakabat mau padha ndherekake, banjur didangu: “Kowe padha golek apa?” Unjuke kang didangu: “Rabbi (tegese: Guru), pakendelan Paduka wonten ing pundi?”


Nabi Yokanan iku minangka damar kang murub lan kang madhangi, nanging kowe iku mung sawatara mangsa bae anggonmu gelem nikmati padhange.


temahan kita ora dadi bocah maneh, kang diobat-abitake dening sarupane angine piwulang, dening pratingkah nasar lan culikane manungsa kang mblasukake,


Mung bae panyuwune iku kang kanthi pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu, jalaran wong kang mangu-mangu iku padha bae karo ombaking sagara, kang katempuh ing angin mawalikan mrana-mrene.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan