nanging ora ana oyode ing batine, dadi ora antepan. Bareng tuwuh panyiyanyiya utawa panganiaya marga saka pangandika iku, wong mau banjur enggal murtad.
Gusti Yesus banjur ngandika marang para sakabat: “Ing bengi iki kowe kabeh bakal padha kecuwan marga saka Aku. Sabab ana tulisan kang surasane mangkene: Ingsun bakal nggebag juru pangon lan wedhus-wedhuse ing pepanthane bakal buyar.
Mulane manawa mripatmu tengen dadi jalaraning piala, cuplaken banjur buwangen, amarga luwih becik kelangan salah sawijining peranganing badanmu katimbang badanmu sakojur kacemplungake ing naraka.
Apa iku dudu si tukang kayu, anake Maryam, sadulure Yakobus, Yoses, Yudas lan Simon? Lan apa sadulur-sadulure wadon ora padha manggon ing kene?” Banjur padha kacuwan tumrap Panjenengane.
Simeon banjur mberkahi lan calathu marang Maryam, kang ibu: “Lah iki wis pinasthi dadi marganing tiba lan tangine wong ing Israel pirang-pirang, lan dadi tetengeran kang bakal nukulake padudon
Nanging manungsa kadagingan ora nampani apa kang asale saka Rohe Gusti Allah, awit bab iku tumraping wong mau sawijining kabodhoan; sarta wong iku ora bisa mangreti, awit bab mau mung bisa kawawas cara kasukman.
Lan maneh, tumrap aku, sadulur-sadulur, manawa aku isih martakake bab tetak, geneya aku isih dikuya-kuya? Sabab yen mangkono, dadi sandhungan kang marga saka salib iku wus kasingkirake.