3 banjur ngutus sakabate ndikakake munjuk marang Panjenengane mangkene: “Punapa Paduka punika ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami kedah ngentosi sanesipun?”
Sapa kang mberkahi sira mesthi bakal Sunberkahi, kang ngipat-ipati sira bakal Sunipat-ipati, sarta sira bakal dadi jalarane para bangsa ing salumahing bumi padha binerkahan.”
Karodene Ingsun bakal ndadekake memungsuhan ing antarane sira lan wong wadon iki, lan ing antarane turunira lan turune wong wadon iki; turune wong wadon iki bakal ngremuk endhasira lan sira bakal ngremuk tungkake.”
Tekene keprabon bakal ora ngalih saka Yehuda, utawa lambanging paprentahan saka ing antarane sikile, nganti tumeka rawuhe Sang Silo, kang bakal disuyudi bangsa-bangsa.
Awit saking punika Pangeran piyambak ingkang badhe paring pratandha dhumateng panjenengan dalem: Lah Sang Kenya badhe nggarbini saha badhe mbabar putra kakung sarta badhe ngasmakaken putranipun wau Imanuel.
Sawuse mangkono wong Israel bakal padha mratobat lan ngupaya marang Pangeran Yehuwah Allahe sarta marang Sang Prabu Dawud, ratune. Bakal padha sowan kalawan gumeter marang ngarsane Sang Yehuwah lan marang kamirahane, besuk ing dina-dina wekasan.
Sarta bakal ana juru pangentas kang padha munggah ing gunung Sion, prelu ngukum pagunungane Esap; Pangeran Yehuwah kang banjur bakal kagungan karajan iku.
Mulane bangsa iku mung arep ditogake bae nganti tumeka wektune wanita kang pinesthi mbabar putra wus kelakon mbabar, nuli kekarening para sadulure bakal padha bali nunggal karo wong Israel.
He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.
Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.
Balik sira kang padha wedi marang asmaningSun, bakal padha kaplethekan padhanging srengenge kabeneran kang nggawa kawarasan ana ing swiwine. Sira bakal padha metu klawan lincak-lincak kaya pedhet kang metu saka ing kandhang.
Panjenengane dakdeleng, nanging ora saiki, dakawasake, nanging ora ana ing cedhakan, ana lintang njedhul saka Yakub, ana teken keprabon jumedhul saka ing Israel, iku ngremuk pilingane Moab, sarta nggempur marang sakehing turune Set.
Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.”
Mangkene pangucape: “Binerkahana Sang Prabu ingkang rawuh atas asmaning Pangeran, tentrem rahayu wonten ing swarga, saha kamulyan wonten ing luhuring ngaluhur!”
wong-wong iku banjur padha njupuki papahe wit palem, tumuli metu padha methukake Panjenengane, kambi surak-surak: “Hosana! Binerkahana Panjenenganipun ingkang rawuh atas asmanipun Pangeran, Ratunipun Israel!”
Pangandikane Gusti Yesus: “He, wong wadon, ngandela marang Aku, bakal tumeka ing wektune anggonmu padha sujud marang Gusti Allah ora ana ing gunung iki, lan iya ora ana ing kutha Yerusalem.
Bareng wong-wong mau ndeleng kaelokan kang ditindakake dening Gusti Yesus iku, tumuli padha ngucap: “Panjenengane iku nyata Kangjeng Nabi kang bakal rawuh ing jagad.”
Ananging ing antarane wong akeh iku akeh kang padha pracaya marang Panjenengane sarta pangucape: “Manawa Sang Kristus rawuh, apa iya bakal nindakake mukjijat luwih akeh katimbang karo kang katindakake dening panjenengane iki?”