Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 11:2 - Kitab Sutji

2 Kacarita ana ing pakunjaran Nabi Yokanan midhanget pawarta bab pakaryane Gusti Yesus,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 11:2
11 Iomraidhean Croise  

Dadi gunggunge saka Rama Abraham tumeka Sang prabu Dawud iku ana patbelas turunan, saka Sang Prabu Dawud tumeka ing jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus patbelas turunan.


Amarga Sang Prabu Herodhes pancen biyen wis dhawuh nyepeng Nabi Yokanan, banjur dibesta lan dilebokake ing pakunjaran, gegayutan karo lelakone Sang Putri Herodhias, garwane Sang Pangeran Filipus, sadhereke.


Bareng Gusti mireng pawarta, yen Nabi Yokanan wus kacepeng, Panjenengane banjur tindak sumingkir menyang ing tanah Galilea,


Kacarira para sakabate Nabi Yokanan padha sowan ing ngarsane Gusti Yesus, lan munjuk: “Kawula kaliyan tiyang Farisi sami netepi siyam, nanging para sakabat Paduka kok boten?”


Amarga pancen Sang Prabu Herodhes kang dhawuh nyepeng Nabi Yokanan lan mbesta sarta banjur kalebokake ing pakunjaran, marga saka anane lelakon bab Sang Putri Herodhias, garwane Pangeran Filipus sadhereke, kang kapundhut garwa dening Sang Prabu Herodhes.


Ananging bareng panjenengane melehake Sang Nata-wilayah Herodhes, bab lelakone karo Sang Putri Herodhias, garwane sadhereke, tuwin bab anggone nindakake sakabehing piala liya-liyane,


Kocapa Sang Prabu Herodhes, nata-wilayah, mireng sakabehing lelakon mau, banjur rumaos kemengan, awit ana wong kang kandha, yen Nabi Yokanan wungu saka ing antarane wong mati.


Bareng Gusti mirsa yen wong Farisi wus padha krungu pawarta yen kang manjing dadi siswa sarta dibaptis dening Gusti Yesus iku kehe ngluwihi sakabate Nabi Yokanan,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan