MATEUS 10:6 - Kitab Sutji6 nanging luwih becik padha maranana wedhus-wedhuse Banisrael kang padha katriwal. Faic an caibideil |
Demi Ingsun kang gesang, – mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah – ing sarehne wedhus-wedhusingSun nyata-nyata dadi mangsaning sakehe kewan ing alas, marga ora ana pangone, jalaran para pangoningSun ora padha mreduli marang wedhus-wedhusingSun, nanging mung padha ngengon awake dhewe bae, dene wedhus-wedhusingSun ora padha diengon,
Nanging ing sakawit kawula martosaken dhateng tiyang-tiyang Yahudi ing Dhamsyik, ing Yerusalem saha ing tanah Yudea sadaya, tuwin ugi dhateng bangsa-bangsa sanes, bilih kedah sami mratobat lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapadene lajeng nglampahi pandamel-pandamel ingkang laras kaliyan pamratobat wau.