Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 10:5 - Kitab Sutji

5 Wong rolas mau padha diutus dening Gusti Yesus sarta diparingi piweling mangkene: “Kowe aja padha nyimpang menyang ing dalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthane wong Samaria,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 10:5
27 Iomraidhean Croise  

Banjur utusan para abdi nimbali para wong kang kauleman, nanging padha ora gelem sowan.


“Tanah Zebulon lan tanah Naftali, dalan menyang ing sagara, ing sabrange bengawan Yarden, tanah Galilea panggonane bangsa-bangsa liya, –


Para sakabat rolas tumuli padha katimbalan lan padha kautus ngloro-ngloro sarta padha kaparingan panguwasa misesani para dhemit,


Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.


Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atine marga saka welase.


Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.


Kacarita Gusti Yesus nimbali sakabate rolas, padha kaparingan kasekten lan panguwasa misesani dhemit lan marasake lelara.


Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara,


Kadosdene Paduka sampun ngutus Kawula dhateng ing jagad, makaten ugi Kawula inggih kengkenan tiyang-tiyang punika dhateng jagad;


Gusti Yesus banjur ngandika maneh: “Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh! Kaya anggonKu kautus dening Sang Rama, kowe saiki iya padha Dakkongkon.”


Para leluhur kawula anggenipun sujud wonten ing redi punika, mangka bangsa Paduka criyos bilih panggenanipun tiyang nglampahi sujud punika ing Yerusalem.”


Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyen diparingake dening Rama Yakub marang kang putra Yusuf.


Wong wadon mau banjur munjuk: “Kadospundi dene Panjenengan tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?” (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.)


Wong-wong Yahudi tumuli padha sapocapan: “Menyang ngendi ta parane wong kuwi, dene nganti aku ora padha bisa nemokake? Apa arep marani wong kang padha ngumbara ana ing antarane wong Yunani, arep memulang wong Yunani?


Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?”


Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”


Kabeh wong pracaya saka golongan tetakan kang ndherekake Rasul Petrus, padha kaeraman, jalaran padha sumurup, yen peparing Roh Suci iku uga kaganjarake marang bangsa-bangsa liya;


awit padha ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan