41 Sing sapa nampani nabi marga saka anggone dadi nabi, bakal tampa pituwasing nabi, lan sing sapa nampani wong mursid, marga saka anggone mursid, bakal tampa pituwasing wong mursid.
Mulane, wong wadon iku balekna marang somahe, awitdene Abraham iku nabi, sarta bakal ndongakake sira, supaya sira bisa lestari urip; nanging manawa wong wadon mau ora sira balekake, wruhanira yen sira mesthi bakal mati, sira lan kabeh wongira.”
Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengane bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawene.
Ing kono wong-wong mau bakal padha munjuk: Dhuh, Gusti, kala punapa kawula sumerep Paduka kerapan, utawi kasatan, utawi pinuju lelana, punapa kelukaran utawi gerah, punapa wonten ing pakunjaran saha boten kawula ladosi?
Sang Nata banjur bakal paring wangsulan: Satemene pituturingSun marang sira, samubarang kabeh kang ora sira tindakake kanggo salah sawijining wong kang asor dhewe iki, iku iya ora sira tindakake kagem Ingsun.
“Padha dieling, aja padha nglakoni kawajibaning agamamu ana ing sangareping wong, supaya katona ing wong iku, awit yen mangkono, kowe ora bakal oleh peparing apa-apa saka Ramamu kang ana ing swarga.
supaya anggonmu pasa aja katara marang wong, ngemungna kauningan ing Ramamu kang ana ing papan kang ora katon. Ing mengko Ramamu kang mirsa kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.”
Nanging manawa kowe ndedonga, lumebua ing kamarmu, lawange inebna, banjur ndedongaa marang Ramamu kang ora katon. Dene Ramamu kang mirsa tindakmu kang ora katon iku bakal paring piwales marang kowe.
Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.
Salam marang kowe kabeh saka Gayus, kang aweh pamondhokan marang aku, lan marang pasamuwan kabeh. Salam marang kowe kabeh saka Erastus, hartakaning nagara, lan saka Kwartus sadulur kita. (
Saupama anggonku nindakake iku mung manut karepku dhewe, pancen aku duwe hak oleh pituwas. Nanging anggonku nindakake mau ora saka karepku dhewe, awit pakabaran iku ayahan kang kabubuhake marang aku.
Amarga Gusti Allah ora kurang adil, nganti Panjenengane banjur kesupen marang ing panggawemu lan katresnanmu kang koklairake kagem asmane srana anggonmu padha ngladeni para suci, kang isih koklakoni nganti saprene iki.