MATEUS 10:3 - Kitab Sutji3 Filipus lan Bartolomeus, Tomas lan Mateus juru-mupubeya, Yakobus anake Alfeus, lan Tadeus, Faic an caibideil |
Wong Farisi iku ngadeg lan ndedonga sajroning atine mangkene: Dhuh Allah, kawula ngunjukaken genging panuwun wonten ing ngarsa Paduka, dene kawula boten sami kaliyan tiyang-tiyang sanes, sanes rampog, sanes tiyang ingkang tumindak sawenang-wenang, sanes tiyang ingkang lampah jina saha boten kados juru-mupu-beya punika.
Lan sawuse nyumurupi sih-rahmat kang kaparingake marang aku, Yakobus, Kefas lan Yokanan, kang kaanggep padha dadi saka-guruning pasamuwan, banjur sesalaman karo aku lan Barnabas minangka pratandhaning patunggalan, supaya aku maranana marang wong-wong kang ora tetak, lan dheweke padha marang para wong tetakan;