Anadene ula iku kang julig dhewe ing antarane sakehing kewan dharatan karyane Sang Yehuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: “Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampeyan: Sira aja mangan wohing sarupane wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?”
Sang Yehuwah Allah tumuli ngandika marang wong wadon: “Pratingkah apa kang wus sira lakoni?” Unjuke wong wadon: “Sawer punika ingkang ngapusi kawula, kawula lajeng nedha.”
aku banjur mapanake rakyat manut gotrah kulawangsane kalawan asikep pedhang, tumbak lan panah ana ing ledhokan ing saburine balowarti ing papan-papan kang lempar.
Ewadene Sang Gedalya bin Ahikam mangsuli Sang Yohanan bin Kareah: “Sampun tumindak makaten, awit punapa ingkang panjenengan ngandikakaken bab Ismael punika dora.”
“Sapa ta abdi kang setya lan pinter, kang tinanggenah dening bandarane nglurahi para kalerehane, kapasrahan nyadhongi pangan marang wong-wong mau ing wektu kang katamtokake?
Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.
Iki kang dakagung-agungake, iya iku paseksene rumangsaning atiku, yen lakuku ana ing jagad iki, apa maneh ing bab gegayutanku karo kowe, iku marga saka dayaning temen lan murni kang saka ing Allah, ora marga saka dayaning kawicaksanan kadonyan, nanging marga saka sih-rahmating Allah.
Nanging aku sumelang bokmanawa angen-angenmu kasasarke saka kasetyanmu kang sejati marang Sang Kristus, padha kaya Ibu Kawa kablithuk dening ula sarana kajuligane.
supaya kowe ora padha kaciren lan ora padha cacad, padha dadi putraning Gusti Allah kang tanpa cacad ing satengahing golongan kang kablinger lan mblasar iki, satemah ana ing satengahing wong-wong iku kowe sumunar kaya lintang-lintang ing jagad,
Marga saka iku, wiwit aku oleh pawarta mau, ora pegat anggonku ndongakake kowe. Kang daksuwun supaya kowe kaparingana sakabehing kawicaksanan lan kawruh kasukman kanggo nyumurupi bab karsane Pangeran kang kalawan sampurna,