Tumrap kang nemu karusakan, aku kabeh iki gandaning pati kang tumeka ing pati, lan tumrap kang nemu karahayon gandaning urip kang nguripake. Nanging sapa ta kang kaconggah nglakoni ayahan kang kaya mangkono iku?
Ewadene menggah kawula, nalika tiyang punika sami sakit, kawula mangangge bagor, kawula nyiksa badan kawula kaliyan siyam, tuwin pandonga kawula thukul malih wonten ing manah kawula,
Dene yen ana wong sing ora nampani kowe lan ora ngrungokake tembungmu, endang lungaa lan metua saka ing omah utawa ing kutha kono, sarta ketabna lebune sikilmu.