Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 10:10 - Kitab Sutji

10 Aja padha nggawa sangu kanggo ana ing dalan; aja nggawa kotang rangkep utawa trumpah. Sabab wong nyambut gawe iku wus sapantese yen tampa pituwas.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 10:10
12 Iomraidhean Croise  

sira kelilan mangan ana ing sadhengah panggonan, iya sira dalah sabrayatira kabeh, awit iku minangka pituwase ayahanira ana ing Tarub Pasewakan.


Manawa kowe lumebu ing kutha utawa ing desa, nitik-nitika wong kang pantes, banjur nginepa ana ing kono nganti salungamu.


apamaneh padha kaweling, aja padha nggawa apa-apa ana ing dalan, kajaba mung teken, aja padha nggawa roti, aja ngawa tas, dhuwit ing sabuk bae iya aja,


Paring wangsulane: “Sapa kang duwe klambi loro, wong kang ora duwe wenehana siji, lan sing sapa duwe pangan, iya tumindaka mangkono.”


sarta padha dipangandikani mangkene: “Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa sangu roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.


Yen kowe mrene, jubah kang daktinggal ana ing kutha Troas ana ing omahe Karpus, cangkingen lan uga buku-bukuku, kang prelu dhewe perkamen kae.


Dawud banjur nyangking tekene, milih watu klimis-klimis limang iji saka ing dhasare kali, dilebokake ing kasang pangon, kang digawa, yaiku wadhah watu lan bandhile dicangking. Mangkono anggone Dawud mapagake wong Filisti iku.


Wangsulane Saul marang bature: “Nanging manawa aku padha mrana, apa kang dakcaosake marang wong sidik iku? Amarga roti ing kasangku wis entek, ora ana oleh-oleh kang kena dakaturake marang abdine Gusti Allah iku. Aku padha duwe apa?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan