Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe, besuk ing jaman pembangunan, manawa Putraning Manungsa lenggah ing dhampar kamulyan, kowe kang wis padha ndherek Aku, iya bakal linggih ing dhampar rolas sarta ngadili taler Israel rolas.
Nalika Gusti Yesus isih ngandika, Yudas, yaiku salah sawijining sakabat, teka kanthi wong sagolongan gedhe, kang padha sikep pedhang lan penthung, utusane para pangareping imam lan pinituwaning bangsa Yahudi.
Gusti Yesus tumuli ndlajahi satlatahe tanah Galilea kabeh, memulang ana ing papan-papan pangibadahe wong kono, sarta nggelarake Injiling Kraton, apadene nyarasake sarupane lelara lan sarupane memala, kang tinemu ing satengahing bangsa kono.
Punapa dene kawula mugi sampun ngantos katandukaken dhateng ing panggodha, nanging mugi sami Paduka uwalaken saking piawon. [Awitdene Paduka ingkang kagungan Kraton saha wisesa tuwin kamulyan salami-laminipun. Amin.]
Gusti Yesus tumuli tindak njajah kutha lan desa, paring piwulang ana ing papan-papan pangibadah sarta nggelarake Injil Kratoning Allah, apadene nyarasake sakabehing lelara lan memala.
Sabab Aku dhewe kang bakal maringi marang kowe tembung-tembung lan kawicaksanan, satemah kowe ora bisa dilawan utawa dibantah dening mungsuh-mungsuhmu.
Sabanjure kowe bakal padha Dakkirimi apa kang wis dijanjekake dening RamaKu. Nanging kowe padha anaa ing kutha kene dhisik, nganti kowe wis padha kaparingan kasekten saka ing ngaluhur.”
Kadosdene anggen Paduka sampun maringi panguwaos dhateng Piyambakipun mengku sawarnining agesang, makaten ugi Piyambakipun inggih badhe nyukani gesang langgeng dhateng sadaya ingkang sampun Paduka paringaken dhateng Piyambakipun.
Nanging kowe bakal padha tampa kasekten, samangsa Sang Roh Suci wus nedhaki marang kowe kabeh sarta kowe bakal padha dadi seksiKu ana ing Yerusalem lan ing satanah Yudea kabeh, sarta ing tanah Samaria tuwin tumeka ing pungkasaning bumi.”
Ing langit tumuli katon tengeran gedhe: Ana wanita kang sinandhangan srengenge, lan rembulan ana ing sangisore tlapakane sarta nganggo makuthane lintang rolas ana ing sirahe.