Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 1:9 - Kitab Sutji

9 Uzia peputra Yotam, Yotam peputra Akhas, Akhas peputra Hizkia;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 1:9
11 Iomraidhean Croise  

Ing taun kang kaping pindhone jamane Sang Prabu Pekah bin Remalya, ratu ing Israel, Pangeran Yotam, putrane Sang Prabu Uzia, ratu ing Yehuda, jumeneng ratu.


Sang Prabu Azarya nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan banjur kasarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, dene Pangeran Yotam, kang putra, tumuli jumeneng ratu, nggentosi panjenengane.


Sang Prabu Uzia anggone nandhang gerah saraat nganti tumeka ing dina sedane, lan sarehne gerah saraat, banjur manggen ana ing dalem piyambak, amarga kasetrakake saka ing padalemaning Yehuwah. Dene Pangeran Yotam, kang putra, kang mangagengi kraton lan nindakake paprentahan tumrap rakyat ing nagara kono.


Pangeran Yotam nalika jumeneng ratu yuswane salawe taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase nembelas taun. Kang ibu asma Yerusa, putri putrane Sang Zadhok.


Hizkia peputra Manasye, Manasye peputra Amon, Amon peputra Yosia;


Asa peputra Yosafat, Yosafat peputra Yoram, Yoram peputra Uzia;


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan