Sawuse mangkono Sang Prabu Suleman banjur kepareng ngaso tunggil para leluhure, sarta nuli kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, ramane. Kang putra Pangeran Rehabeam kang banjur nggentosi jumeneng ratu.
Sawuse mangkono Sang Prabu Rehabeam banjur mapan ngaso nunggil karo para leluhure sarta disarekake ing sandhinge para leluhure ana ing kuthane Sang Prabu Dawud. Dene asmane kang ibu Naama, putri bangsa Amon. Kang putra, Pangeran Abiam, banjur nggentosi jumeneng ratu.
Kacarita, bareng karajane wus santosa lan pangwaose wus dadi kukuh, Sang Prabu Rehabeam dalasan Israel kabeh padha nyingkur marang angger-anggering Yehuwah.
Para wong kang tanpa pikiran lan para durjana padha manunggal karo dheweke; wong-wong iku kakuwatane ngluwihi Sang Prabu Rehabeam putrane Sang Prabu Suleman, kang isih timur lan kang panggalihe durung santosa, sarta ora bisa nanggulangi wong-wong mau.
Sang Prabu Suleman banjur kepareng ngaso nunggil karo para leluhure sarta kasarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud, kang rama. Pangeran Rehabeam, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.
Nalika jamane Sang Prabu Herodhes, nata ing tanah Yudea, ana sawijining imam, jenenge Zakharia, kalebu golongan Abia. Bojone uga trahe Harun, jenenge Elisabet.