Yehuda banjur tutur marang Tamar mantune: “Anggonmu dadi wulanjar iku manggona ing omahe bapakmu bae, nganti anakku Syela wus gedhe,” marga osike atine mangkene: “Aja nganti mati kaya kakangne karo pisan.” Tamar nuli lunga manggon ana ing omahe bapakne.
Anak-anake Yehuda: Er, Onan, Syela, Peres lan Zerah, nanging Er lan Onan wus padha mati ana ing tanah Kanaan; lan anak-anake Peres yaiku: Hezron lan Hamul.