Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 1:25 - Kitab Sutji

25 nanging ora diwori turu, nganti tumekane wis mbabar putra, kang banjur dinamakake Yesus.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 1:25
10 Iomraidhean Croise  

Sang Putri Mikhal ora kagungan putra, nganti tumeka ing sedane.


Prawan iku luwih dening ayu sarta banjur rumeksa lan ngaladosi Sang Prabu, nanging ora disareni dening panjenengane.


“Sakehe anak pambarep iku sira sengkera sumaos marang Ingsun; endi kang lair dhisik saka sadhengah kandhutan ana ing antarane wong Israel, dadia manungsa utawa kewan, iku kagunganingSun.”


Sira aja lali saos pisungsung saka pametune gandum lan undhuh-undhuhane anggurira. Anakira lanang kang pambarep iku saosna marang Ingsun.


sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”


Yusuf satangine turu banjur ngestokake kaya kang didhawuhake dening malaekating Pangeran, Maryam dipek bojo,


Lah kowe bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra kakung. Iku asmakna Yesus.


Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus, yaiku asma kang dipangandikakake dening malaekat sadurunge Panjenengane kinandhut ing guwa-garba.


banjur mbabar Putra kakung, kang pambajeng, nuli digedhong lan diselehake ing pamakanan, sabab ana ing papan panginepan padha ora komanan panggonan.


Marga kabeh wong kang wus kapilih wiwit ing sakawit dening Panjenengane, iku iya katamtokake wiwit ing sakawit dadi madha rupa citrane Kang Putra, supaya Kang Putra iku dadi pembayun ana ing antarane sadulur akeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan