Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 1:21 - Kitab Sutji

21 sarta Maryam bakal mbabar putra kakung, iku namakna Yesus; awit iya iku kang bakal ngluwari bangsane saka ing dosane.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 1:21
36 Iomraidhean Croise  

Nanging pangandikane Gusti Allah: “Ora, sanyata somahira Sara bakal nglairake anak patutan saka sira, iku sira jenengna Iskak, karo Iskak iku Ingsun bakal nganakake prajanjianingSun dadi prasetyan kanggo marang turun-turune.


Nanging prasetyaningSun iku bakal Sunanakake karo Iskak, kang bakal lair saka Sara patutan saka sira besuk taun ngarep pendhake mangsa iki.”


Pangandikane Sang Yehuwah: “Satemene setaun engkas Ingsun bakal rawuh mrene maneh, lah ing kono Sara somahira bakal duwe anak lanang.” Pangandika mau kepireng dening Ibu Sara kang ana ing lawanging tarub kaprenah ing saburine para tamu.


Ing jaman jumenenge raja iku Yehuda bakal linuwaran lan Israel bakal tentrem uripe; dene jeneng kang diwenehake dening wong marang dheweke: Sang Yehuwah kaadilan kita.


Ing wektu iku Yehuda bakal linuwaran lan Yerusalem uripe bakal tentrem. Lan kalawan jeneng iki, iku bakal padha sinebut: Sang Yehuwah iku kaadilan kita.


Pitung puluh kaping pitung mangsa, iku wus katetepake tumrap bangsamu lan tumrap kuthamu kang suci, kanggo nyirnakake duraka, kanggo nguwisi dosa, kanggo ngilangi kasalahan, kanggo nekakake kaadilan kang langgeng, kanggo ngganepake wahyu lan nabi, sarta kanggo njebadi pasucen kang pinunjul.


He putri Sion, surak-suraka kang sora; he putri Yerusalem, giyak-giyaka! Lah ratunira ngrawuhi sira; Panjenengane iku adil sarta unggul, lembah panggalihe, nitih kuldi, belo anaking kuldi momotan.


nanging ora diwori turu, nganti tumekane wis mbabar putra, kang banjur dinamakake Yesus.


Nanging malaekat mau banjur ngandika: “Aja wedi, Zakharia, awit pandongamu wis kabul, lan Elisabet, bojomu, bakal nglairake anakmu lanang, iku jenengna Yokanan.


Lah kowe bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra kakung. Iku asmakna Yesus.


Ing dina iki wis miyos Juru-slametmu, yaiku Sang Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing kuthane Dawud.


Bareng wis ganep wolung dina, Sang Timur disupiti lan asmane katetepake Yesus, yaiku asma kang dipangandikakake dening malaekat sadurunge Panjenengane kinandhut ing guwa-garba.


Esuke Nabi Yokanan mirsa Gusti Yesus murugi, Nabi Yokanan mau banjur ngandika: “Delengen iku Cempening Allah kang ngilangi dosane jagad.


lan padha tutur marang wong wadon mau: “Anggonku padha pracaya wus ora marga saka ujarmu iku. Amarga aku dhewe wus padha ngrungokake Panjenengane, lan aku wus padha sumurup yen sanyatane Panjenengane iku Pamartaning jagad.”


Inggih saking trahipun punika Gusti Allah, tetes kaliyan ingkang sampun kaprasetyakaken, miyosaken Sang Juru-wilujeng kangge tiyang Israel, inggih punika Gusti Yesus.


Lan ingkang rumiyin inggih kagem panjenengan sadaya punika anggenipun Gusti Allah njumenengaken Abdinipun saha ngutus Panjenenganipun nuweni panjenengan sadaya, supados panjenengan sami kabarkahan saha nuntun panjenengan piyambak-piyambak saking piawon panjenengan.”


Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita.”


Inggih Panjenenganipun punika ingkang sampun sinengkakaken ing ngaluhur dening Gusti Allah piyambak kalayan astanipun ingkang tengen, kajumenengaken dados Panuntun tuwin Juru-wilujeng, supados Israel saged mratobat saha tampi pangapuntening dosa.


kang wus masrahake sarirane kanggo kita, supaya kita luwar saka ing sakabehing piala apadene banjur dadi umat kang wus kasucekake dening Panjenengane, kagem Panjenengane, dadi kagungane piyambak, kang taberi marang ing panggawe becik.


Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


Balik manawa laku kita ana ing pepadhang kayadene Panjenengane iya ana ing pepadhang, dadi kita padha tetunggalan, sarta rahe Gusti Yesus Kang Putra iku ngresiki kita saka sakehe dosa.


Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta Panjenengane iku ora kadunungan dosa.


Atur wangsulanku: “Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhe sarta wus padha ngumbah jubahe nganti putih ing rahe Sang Cempe.


Lan Malaekate Sang Yehuwah nuli ngetingali marang wong wadon mau sarta iku dipangandikani mangkene: “Lah sira iku pancen gabug, ora duwe anak, nanging sira bakal ngandhut sarta duwe anak lanang.


Sawuse sataun Hana ngandhut lan nglairake bayi lanang, kang dijenengake Samuel, amarga pangucape: “Iku olehku nyuwun marang Sang Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan