Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




MATEUS 1:12 - Kitab Sutji

12 Sawise jaman pambuwangan menyang Babil, Yekhonya peputra Sealtiel, Sealtiel peputra Zerubabel;

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




MATEUS 1:12
20 Iomraidhean Croise  

Sabanjure wong kang manggon ing Yerusalem padha diboyongi kabeh diparakake marang ing pambuwangan, dalah sakehe panggedhe lan prawira kang gagah prakosa; cacahe tawanan ana sepuluh ewu, mangkono uga sakehe tukang lan pandhe; ora ana kang dikarekake, kajaba mung para wong kang kagolong rakyat jembel.


Kacarita ing taun kang kaping telung puluh pitu sawuse Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda kabucal, ing sasi kang kaping rolas, ing tanggal kaping pitulikur ing sasi iku, Sang Prabu Ewil-Merodakh, ratu ing Babil, nalika ing taun jumenenge ratu, paring sih-piwelas marang Sang Prabu Yoyakhin, ratu ing Yehuda, yaiku banjur kaluwaran saka ing pakunjaran.


Para putrane Sang Prabu Yekhonya, kang kinunjara iku, yaiku Pangeran Sealtiel,


Imam Yesua, putrane Imam Yozadak kanthi sadulure para imam, karo Sang Zerubabel putrane Sang Sealtiel karo para sadhereke banjur padha tumandang mbangun misbyah, kagungane Gusti Allahe Israel, kanggo nyaosake kurban obaran, condhong karo kang wus kapacak ana ing Torete Nabi Musa, abdining Allah.


Ing wektu samana Sang Zerubabel, putrane Sang Sealtiel lan Imam Yesua bin Yozadak mbangun padalemane Allah kang ana ing Yerusalem. Wong mau padha diamping-ampingi sarta dibiyantu dening para nabining Allah.


Iki pratelane bab para imam lan para wong Lewi, kang bali mulih bareng karo Sang Zerubabel bin Sealtiel lan Yesua: Seraya, Yeremia, Ezra,


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Demi Ingsun agesang, malah sanadyan Khonya bin Yoyakim, raja ing Yehuda iku dadi sesupe cap ana ing astaningSun tengen, ewadene sira bakal Suncopot!


Khonya iku rak barang kang remeh kang bakal diremuk dening wong, utawa grabah kang ora disenengi ing wong? Yagene dheweke kok dibanting lan dibuwang, menyang ing nagara, kang ora disumurupi?


Mangkene pangandikane Sang Yehuwah: “Wong iku catheten ora duwe anak, wong lanang kang ora tau oleh begja ing sajroning uripe, marga turune ora ana siji-sijia kang bisa nglungguhi dhampare Dawud lan nyekel paprentahan ing Yehuda maneh!”


kang ora dijupuki dening Prabu Nebukadnezar, raja ing Babil, nalika panjenengane mboyong Sang Prabu Yekhonya bin Yoyakim, ratu Yehuda dalah para panggedhene tanah Yehuda lan kutha Yerusalem, saka Yerusalem menyang ing Babil,


Ing taun kang kapindhone jamane Sang Prabu Dharius, ing sasi kang kaping nem tanggal sapisan, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, kadhawuhake marang Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan marang Imam Agung Yusak bin Yozadak, surasane:


Sang Zerubabel bin Sealtiel karo Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta sakekarene umat kabeh, banjur padha ngestokake dhawuhe Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe lan pangandikane Nabi Hagai, kaya anggone kadhawuhan dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe; bangsa mau banjur wedi marang Pangeran Yehuwah.


Karodene Pangeran Yehuwah nggigah semangate Sang Zerubabel bin Sealtiel, bupati ing Yehuda, lan Imam Agung Yusak bin Yozadak, sarta semangate sakekarene umat, tumuli kabeh padha teka lan tumandhang ing gawe kanggo padalemane Sang Yehuwah, Gustine sarwa dumadi, Gusti Allahe,


ing sasi kapitu, tanggal ping selikur, ana pangandikane Pangeran Yehuwah lumantar Nabi Hagai, mangkene:


sarta bakal ngrubuhake dhampare para ratu lan nyirnakake pangwasane karajane para bangsa, sarta ngrusak sakehe kreta dalah kang padha nunggangi; jaran lan kang nunggangi bakal padha ambruk mati, marga saka pedhange kancane.


Yosia peputra Yekhonya sasadhereke, nalika jaman pambuwangan menyang Babil.


Zerubabel peputra Abihud, Abihud peputra Elyakim, Elyakim peputra Azor;


Dadi gunggunge saka Rama Abraham tumeka Sang prabu Dawud iku ana patbelas turunan, saka Sang Prabu Dawud tumeka ing jaman pambuwangan menyang Babil ana patbelas turunan lan saka jaman pambuwangan menyang Babil tumeka Sang Kristus patbelas turunan.


tedhake Yohanan, tedhake Resa, tedhake Zerubabel, tedhake Sealtiel, tedhake Neri,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan