Elisa banjur ninggal sapine lan mlayu nututi Nabi Elia, kalawan matur: “Keparenga kula badhe ujung dhateng bapak saha ibu kula rumiyin, mangke lajeng badhe ndherek panjenengan.” Paring wangsulane: “Iya becik, muliha dhisik, nanging elinga marang apa kang wus daktindakake marang kowe.”
Samubarang kabeh kang tinemu dening tanganmu supaya dilakoni, iku tindakna ing sabisa-bisamu, awit ing jagading wong mati kang bakal kokparani ora ana pagawean, panimbang-nimbang, kawruh lan kawicaksanan.
“Manawa ana wong kang sowan ing ngarsaKu, mangka ora sengit marang bapakne, ibune, bojone, anak-anake, sadulur-sadulure lanang utawa wadon, malah nyawane dhewe pisan, iku ora bisa dadi siswaKu.
ingkang ngucap bab bapa-biyungipun: Aku ora mreduli; saha ingkang boten purun tepang kaliyan para sadherekipun sarta boten mreduli dhateng anak-anakipun. Awitdene tiyang-tiyang Lewi punika sami ngestokaken dhawuh Paduka saha netepi prajanjian Paduka.