57 Nalika padha mbacutake lakune, ana ing tengah dalan iku ana wong kang matur marang Gusti Yesus: “Kawula badhe ngetut wingking Paduka, dhatenga pundi kemawon tindak Paduka.”
Wong sabangsa kabeh banjur padha mangsuli saur manuk, ature: “Punapa sadhawuhipun Pangeran Yehuwah punika badhe sami kula estokaken.”
Bareng wis cedhak wektune anggone bakal kasengkakake menyang ing swarga, Gusti Yesus banjur nggalih arep tindak menyang ing Yerusalem,
Banjur padha mlembar menyang ing desa liyane.
Unjuke Petrus: “Gusti, punapaa kawula boten saged ndherek Paduka samangke? Kawula badhe ngetohaken nyawa kawula kagem Paduka.”