Poma, aja nganti ngremehake salah sawijining bocah cilik iki. Amarga Aku pitutur marang kowe: Malaekate ana ing swarga tansah padha mandeng marang pasuryane RamaKu kang ana ing Swarga.
Padha karo Putraning Manungsa anggone rawuh iku ora supaya diladosi, nanging malah ngladosi sarta masrahake nyawane minangka tetebusan tumrap wong akeh.”
Nanging Aku pitutur marang kowe: Kowe aja nglawan marang wong kang gawe piala marang kowe, malah sapa kang nangani pipimu tengen, pipimu kiwa uga ulungna pisan.
Gusti Yesus tumuli munjuk: “Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken.” Pangagemane banjur kaedum-edum sarana kaundhi.
Nalika padha mbacutake lakune, ana ing tengah dalan iku ana wong kang matur marang Gusti Yesus: “Kawula badhe ngetut wingking Paduka, dhatenga pundi kemawon tindak Paduka.”
Lan manawa wong ngrungokake pituturKu, nanging ora nindakake, Aku ora dadi hakime, awitdene tekaKu iki ora supaya ngadili jagad, nanging mitulungi rahayu.
Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan: “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.