Nanging Sang Prabu Dawud ngandika: “Sira melu-melu apa he anake Zeruya, kok ing dina iki sira nglawan marang ingsun? Apa ing dina iku nganti ana wong kang dipateni ing Israel? Apa kokkira ingsun ora pirsa, yen ing dina iki ingsun dadi ratu maneh ngereh bangsa Israel?”
Ewadene wangsulane Ayub: “Calathumu iku kaya wong gemblung, sabarang peparinge Gusti Allah kang becik padha daktampani, kang ala apa ora kudu daktampani uga?” Sajrone iku kabeh Ayub ora nganti gawe dosa kalawan lambene.
Nanging Gusti Yesus banjur mengo sarta ngandika marang Petrus: “Heh, setan, sumingkira. Kowe iku dadi sandhunganKu, sabab kowe ora mikir apa kang kagalih dening Allah, nanging mung sing dipikir dening manungsa.”
Nalika sakabate loro, yaiku Yakobus lan Yokanan, nyumurupi kang mangkono iku, banjur matur: “Gusti, punapa Paduka ngarsakaken supados kawula sami ndhatengaken latu saking langit, numpes tiyang-tiyang punika?”
Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab: