LUKAS 9:54 - Kitab Sutji54 Nalika sakabate loro, yaiku Yakobus lan Yokanan, nyumurupi kang mangkono iku, banjur matur: “Gusti, punapa Paduka ngarsakaken supados kawula sami ndhatengaken latu saking langit, numpes tiyang-tiyang punika?” Faic an caibideil |
Sang Prabu banjur nimbali wong-wong Gibeon sarta dipangandikani: – wong Gibeon iku ora padha kagolong bangsa Israel, nanging klebu kekarene bangsa Amori, mangka wong Israel wus padha prajanji klawan supata, ewadene Sang Prabu Saul marga saka mempenge anggone tumindak kanggo wong Israel lan wong Yehuda banjur ngudi sirnane wong-wong mau. –
Sawuse mangkono Sang Prabu banjur utusan sawijining opsir kalawan reh-rehane wong seket kadhawuhan nemoni Nabi Elia. Opsir mau nuli munggah sowan ing ngarsane Nabi Elia, kang lagi lenggah ana ing pucaking gunung, sarta banjur matur marang panjenengane: “He abdining Allah, Sang Prabu dhawuh: Mudhuna!”