Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:52 - Kitab Sutji

52 tumuli ngirimake utusan sawatara, kang ndhisiki Panjenengane. Iku padha mangkat, banjur padha lumebu ing sawijining desane wong Samaria arep cecawis kagem Panjenengane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:52
13 Iomraidhean Croise  

Lah Ingsun nglampahake utusaningSun, Sundhawuhi ngrata dalan ana ing ngarsaningSun! Kalawan dadakan Pangeran kang sira goleki iku bakal rawuh ing padalemane! Lah Malaekate prasetyan kang sira karepake iku rawuh –, mangkono pangandikane Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi.


Wong rolas mau padha diutus dening Gusti Yesus sarta diparingi piweling mangkene: “Kowe aja padha nyimpang menyang ing dalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthane wong Samaria,


Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.


Tumuli ana wong Samaria, kang lelungan uga liwat ing kono. Bareng weruh wong mau, trenyuh atine marga saka welase.


Kacarita nalika Gusti Yesus tindak menyang ing Yerusalem, miyos ing sauruting tapel-watese tanah Samaria lan Galilea.


Nuli nyungkemi padane Gusti Yesus, ngunjukake panuwun. Mangka iku wong Samaria.


Awit ana pangandika bab dheweke, mangkene: Lah Ingsun dhawuh marang utusaningSun supaya ndingini Sira, lan nyawisake dalaniRa ana ing ngarepiRa.


Anadene tindake mau kudu miyos ing tanah Samaria.


Banjur rawuh ing sawijining kutha ing tanah Samaria kang aran Sikhar, cedhak karo palemahan kang biyen diparingake dening Rama Yakub marang kang putra Yusuf.


Wong wadon mau banjur munjuk: “Kadospundi dene Panjenengan tiyang Yahudi kok mundhut ngunjuk dhateng kula tiyang Samaria?” (Awit wong Yahudi ora srawung karo wong Samaria.)


Wong Yahudi padha mangsuli: “Rak ya bener, ta, kandhaku yen kowe iku wong Samaria kang kapanjingan dhemit?”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan