Bareng padha lumebu ing kutha Kapernaum, para juru mupu pajeg Padaleman Suci padha marani Petrus lan calathu: “Guru Panjenengan punapa boten asok paos kalih drakhma?”
Yokanan matur marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sami sumerep tiyang ingkang sanes golongan kawula, nundhung setan atas asma Paduka, lajeng kawula awisi, amargi sanes golongan kawula sadaya.”
Aku pitutur marang kowe: Satemene sing sapa aweh ngombe marang kowe banyu sacangkir, marga kowe iku pandherek Sang Kristus, iku mesthi bakal tampa ganjaran.”
Ora ana batur kang bisa ngladeni bandara loro. Amarga manawa mangkono, mesthi bakal sengit marang kang siji lan tresna marang sijine, utawa setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Ora bisa kowe ngawula marang Gusti Allah lan marang Mamon.”
Mulane kowe padha daksumurupake, yen ora ana wong kang calathune marga saka Rohe Gusti Allah kok bakal kandha: “Yesus kena ing ipat-ipat!” lan uga ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci.