Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:5 - Kitab Sutji

5 Dene manawa ana wong kang ora gelem nampani kowe, metua saka ing kutha kono lan ketabna lebu kang ana ing sikilmu, iku minangka pepenget tumrap wong mau.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:5
13 Iomraidhean Croise  

Karodene aku iya ngebutake lempitaning jubahku klawan pangucap: “Kayaa mangkene anggone Gusti Allah bakal ngipatake saben wong kang ora netepi ing kasaguhane iku, dikipatake saka ing omahe lan saka ing wohing kangelane. Mangkono anggone kakipatake lan dadi kopong.” Wong sapasamuwan kabeh tumuli padha muni: “Amin,” banjur padha memuji marang Sang Yehuwah. Rakyat banjur padha netepi ing kasaguhane mau.


Lan marga saka Aku kowe bakal padha diirid menyang ngarsane para kang padha ngasta panguwasa lan para ratu, minangka paseksi tumrap wong-wong mau lan tumrap para wong kapir.


Lan manawa sawijining panggonan emoh nampani kowe lan wong-wong ing kono ora padha gelem ngrungokake kowe, metua saka ing kono, lebu ing sikilmu ketabna. Iku minangka pepenget kanggo wong mau.”


“Sing sapa nampani bocah pepadhane iki atas jenengKu, iku ateges Aku kang ditampani. Lan sing sapa nampani Aku, iku dudu Aku kang ditampani, nanging kang ngutus Aku.”


Sing sapa ngrungokake kowe, iku ngrungokake Aku lan sing sapa nampik marang kowe, iku nampik marang Aku. Mangka kang nampik marang Aku, iku nampik marang Panjenengane kang ngutus Aku.”


Wong mau tumuli diwaleri, supaya aja kandha-kandha marang wong sarta dipangandikani: “Lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan nyaosna kurbaning pasucenmu, kaya kang wis diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang kowe.”


Lan manawa kowe wis ditampani ana ing sawijining omah, kowe terusa ana ing kono lan anggonmu mbacutake lakumu iya sakaa ing kono.


sarta ngandika marang para sakabate: “Sing sapa nampani bocah iki atas saka jenengKu, dadi Aku kang ditampani; lan sing sapa nampani Aku, iku dadi nampani kang ngutus Aku. Awit kang cilik dhewe ing antaramu kabeh, iku kang gedhe dhewe.”


Nanging Rasul Paulus lan Barnabas nuli padha ngetabake lebu ing sampeyane, minangka pameleh marang wong-wong mau, banjur tedhak menyang ing kutha Ikonium.


Nanging bareng wong-wong iku padha madoni lan nyenyamah, panjenengane nuli ngetabake lebu kang ana ing pangagemane tuwin ngandika: “Getihmu nempuha marang awakmu dhewe; aku resik, ora luput. Wiwit saiki aku bakal marani bangsa-bangsa liya.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan