Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:41 - Kitab Sutji

41 Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora pracaya lan kang keblinger, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe lan nyabari kowe? Anakmu gawanen mrene!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:41
31 Iomraidhean Croise  

Bareng Nabi Elisa abdining Allah mireng, manawa Sang Nata ing Israel nyuwek-nyuwek pangageme, banjur enggal-enggal utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu kadhawuhan munjuk: “Sababipun punapa dene panjenengan dalem nyuwek-nyuwek pangageman dalem? Priyagung wau kadhawuhana manggihi kawula, supados uninga, bilih ing Israel wonten nabinipun.”


apadene aja padha kaya para leluhure, kang padha wangkot lan mbalela, jenis kang ora antepan tuwin kang nyawane ora setya marang Gusti Allah.


Nabi Musa lan Rama Harun tumuli padha sowan marang Sang Prabu Pringon sarta matur: “Pangandikanipun Pangeran Yehuwah Gusti Allahipun bangsa Ibrani makaten: Nganti pira lawase anggonira ora gelem ngesorake awak ana ngarsaningSun? UmatingSun lilanana lunga saos pangabekti marang Ingsun!


Ing kono pangandikane Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa: “Nganti besuk apa anggonira padha ora gelem netepi prentah lan angger-anggeringSun?


He Yerusalem, atinira resikana pialane, supaya sira oleh kaslametan! Isih pira suwene pangrantamira kang ala anggone andhok ana ing atinira?


Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang Nabi Musa: “Bakal nganti pira lawase bangsa iku anggone ngremehake marang Ingsun, lan bakal nganti besuk apa anggone ora kumandel marang Ingsun, sanajan wus ana pratandha pirang-pirang kang wus Suntindakake ana ing satengahe.


“Nganti pira lawase umat kang ala iku anggone bakal padha nggrundeli marang Ingsun? Ingsun wus miyarsa panggrundele wong Israel kang katujokake marang Ingsun,


He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.


Nanging paring wangsulane: “Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan, kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.


Dhemit mau banjur lunga ngajak dhemit pepitu liyane kang luwih ala katimbang dheweke, tumuli padha lumebu sarta manggon ana ing kono. Wekasan wong mau alane ngluwihi sing uwis. Mangkono uga bakal kadadeane jinis kang ala iki.”


Jinis kang ala lan ora setya iki njaluk pratandha, nanging bakal ora kaparingan kajaba mung pratandhane Nabi Yunus.” Gusti Yesus banjur tindak nilar wong-wong mau.


Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel lan kang kablinger, nganti pira lawase anggonKu isih kudu tetunggalan karo kowe kabeh? Nganti pira lawase anggonKu isih kudu tahan ana ing antaramu? Bocahe prenekna!”


Satemene Aku pitutur marang kowe: Kabeh iku bakal katempuhake marang jinis iki.


Nanging bareng Nabi Yokanan mirsa wong Farisi lan wong Saduki akeh kang padha teka sarta nyuwun kabaptis, banjur padha dipangandikani mangkene: “Heh, tetesaning ula bedhudhak, sapa kang akon kowe nyingkiri bebendu kang bakal teka?


Bareng Gusti Yesus mirsa, Panjenengane duka, sarta para sakabat padha dipangandikani mangkene: “Cikben bocah-bocah padha sowan marang Aku, aja kokpenggak, amarga wong kang kaya mangkono iku kang nduweni Kratoning Allah.


Gusti Yesus tindake tumuli kendel lan dhawuh: “Undangen mrene!” Wong picak mau banjur diparani wong akeh lan dikandhani: “Wis, sing tatag atimu, ngadega, kowe ditimbali.”


Gusti Yesus banjur ngandika: “Heh, jinis kang ora duwe pangandel, nganti pira lawase anggonKu kudu tetunggalan karo kowe? Nganti pira lawase anggonKu kudu nyabari kowe? Bocahe prenekna!”


Panjenengane nuli ngandika: “Pangandelmu iku ana ing ngendi?” Kabeh padha wedi lan kaeraman, sarta padha sapocapan mangkene: “Sapa baya Panjenengane iku, dene nganti angin lan banyu padha ngestokake dhawuhe?”


Kawula sampun nedha tulung dhateng para sakabat Paduka, supados nundhung dhemit punika, nanging boten saged.”


Lan nalika bocah mau nyedhaki Gusti Yesus, banjur dibanting dening dhemite lan diontang-antingake. Nanging dhemit mau nuli didukani dening Gusti Yesus lan bocahe diwarasake sarta dipasrahake marang bapakne.


Pangandikane Gusti Yesus: “Wus samono lawase anggonKu nunggal karo kowe kabeh, Filipus, nanging kowe kok ora wanuh marang Aku? Sing sapa wus ndeleng Aku, iku wus ndeleng Sang Rama; kapriye dene kowe kandha: Kawula mugi sami Paduka tedahi Sang Rama?


Nuli ngandika marang Tomas: “Drijimu prenekna, tanganKu tontonen, sarta tanganmu ulungna, lodokna ing lambungKu lan kowe aja nganti ora ngandel maneh, nanging kumandela!”


Salebetipun kawan dasa taun Panjenenganipun atindak sabar tumrap sadaya pratingkahipun wonten ing ara-ara-samun.


Tuwin kalawan pangandika-pangandika liyane akeh maneh panjenengane paring paseksen kang sanyata marang wong-wong kabeh iku sarta padha diparingi pitutur, pangandikane: “Sami kula aturi sumingkir saking jinis ingkang kablinger punika.”


Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun kowe marang pamratobat?


Wong-wong kang wus padha ora dadi putrane maneh, kang padha dadi blentong, golongan kang nasar lan plinthat-plinthut, iku padha nandukake kanisthan marang Panjenengane.


Dadine kita padha sumurup, manawa wong iku padha ora bisa lumebu amarga saka anggone ora pracaya.


Mulane luwih becik manawa kita mbudi-daya lumebu sajroning palereman iku, supaya aja nganti ana kang tiba amarga nyonto marang pambalela iku uga.


Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.


Mulane Panjenengane uga saged mitulungi rahayu kalawan sampurna marang sakehing wong kang sowan ing ngarsane Gusti Allah lumantar Panjenengane. Jalaran Panjenengane gesang ing salawase prelu jumeneng dadi Pantarane wong-wong mau.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan