Sabanjure padha dipangandikani mangkene: “Yen ana ing sawijining panggonan kowe wis ditampani ana ing omah, kowe mondhoka ana ing kono nganti kowe mangkat saka ing kono.
sarta padha dipangandikani mangkene: “Aja padha nggawa apa-apa kanggo ana ing dalan, aja nggawa teken utawa sangu roti utawa dhuwit, utawa klambi rangkep.
Dene manawa ana wong kang ora gelem nampani kowe, metua saka ing kutha kono lan ketabna lebu kang ana ing sikilmu, iku minangka pepenget tumrap wong mau.”
Sawise kabaptis sabrayat pisan, banjur darbe atur mangkene: “Manawi panjenengan sampun sami manggalih, bilih kula saestu pitados dhateng Gusti, sumangga sami kula aturi rawuh saha nyare ing griya kula.” Mangka banget panggubele, nganti aku kabeh kapeksa nuruti.