Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:38 - Kitab Sutji

38 Ana siji kang nguwuh, unjuke: “Gusti, kawula nyuwun, mugi Paduka karsaa mirsani anak kawula, anak kawula namung satunggal punika.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:38
8 Iomraidhean Croise  

Kawula lajeng munjuk dhateng gusti kawula: Inggih, abdi dalem taksih sami gadhah bapa ingkang sampun sepuh, sarta taksih wonten jejaka ingkang lairipun nalika pun bapa sampun sepuh; kakangipun sampun tilar donya, namung kantun satunggal punika ingkang tunggil biyung, mila lare wau sanget dipun tresnani dening bapa kawula.


“Ingsun bakal ngesokake rohing sih-rahmat lan rohing panyuwunan marang brayate Dawud lan para wong isine Yerusalem, satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe lan bakal nangisi kang disuduk mau, patrape kaya nangisi anak ontang-anting lan nangis kelara-lara, patrape kaya nangisi anak pambarep.


Tumuli ana wong Kanaan saka ing jajahan kono kang teka kanthi nguwuh-uwuh: “Dhuh, Gusti, tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka paringi kawelasan, anak kawula estri kapanjingan dhemit, mesakaken sanget.”


Bareng tindake wis cedhak karo sakethenging kutha, ana layon kapikul metu, iku anak ontang-anting, embokne wis randha. Akeh wong saka ing kutha kang padha ngiringake.


Esuke, bareng padha mudhun saka ing gunung, ana wong akeh kang gumrudug sowan ing ngarsane Gusti Yesus.


Saben-saben piyambakipun dipun tempuh dening dhemit, lajeng dadakan njerit, nunten dipun ontang-antingaken ngantos muruh cangkemipun. Dhemit punika tanpa kendel anggenipun nyiksa saha meh boten nate purun ngeculaken.


Nalika priyayi mau krungu warta manawa Gusti Yesus saka ing tanah Yudea rawuh ing tanah Galilea, banjur seba marang ngarsane Gusti Yesus sarta darbe panyuwun muga karsaa tedhak nyarasake anake, awit anake iku wus arep mati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan