Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:35 - Kitab Sutji

35 Ing mega kono tumuli ana swara keprungu mangkene: “Iki PutraningSun kang Sunpilih, padha estokna dhawuhe!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:35
19 Iomraidhean Croise  

Delengen iku abdiningSun kang Sunasta, pilihaningSun kang ndadekake renaningSun. Kang wus Sunparingi RohingSun, supaya banjur ngundhangake kabeneran marang para bangsa.


“Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekake keparenging galihingSun, bakal Sunparingi RohingSun, sarta bakal ngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa.


Banjur ana swara saka ing swarga, kang ngandika: “Iki PutraningSun, kekasihingSun, kang ndadekake renaning panggalihingSun.”


Nuli ana swara saka ing swarga kang kaprungu mangkene: “Sira iku Putra kang Suntresnani, kang dadi kaparenging panggalihingSun.”


banjur katedhakan ing Roh Suci apindha manuk dara. Nuli ana swara kang kaprungu saka ing langit mangkene: “Sira iku PutraningSun kang Sunkasihi, kang dadi keparenging panggalihingSun.”


Sajrone matur mangkono iku banjur ana mega teka ngayomi. Bareng padha kalimputan ing mega mau padha wedi.


Dhuh Rama, Paduka mugi ngluhuraken asma Paduka!” Tumuli ana swara saka ing swarga: “Wus Ingsun luhurake, lan bakal Ingsun luhurahe maneh!”


Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.


kapriye anggon kita akal oncat, manawa kita ora maelu marang karahayon kang samono gedhene iku, kang wiwitane diundhangake marang kita dening Gusti, lan dening kang padha ngrungokake kalawan patrap kang kena dipracaya,


Ananging manawa wus tau kapangandikakake: “Ing dina iki, manawa sira krungu swarane, aja padha mangkotake atinira, kaya nalika ana ing sajroning panggrundel.”


lan sawise nggayuh kasampurnane, Panjenengane dadi jalarane karahayon kang langgeng tumrap sakehing wong kang mituhu marang Panjenengane,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan