Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:34 - Kitab Sutji

34 Sajrone matur mangkono iku banjur ana mega teka ngayomi. Bareng padha kalimputan ing mega mau padha wedi.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:34
12 Iomraidhean Croise  

Wangsit tumrap Mesir. Lah Sang Yehuwah nitih mega kang rikat lan tedhak menyang ing tanah Mesir; para brahala ing Mesir padha gumeter ana ing ngarsane, lan atine wong Mesir remuk ana ing badane.


dadine aku mung kari ijen. Nalika aku ndeleng wahyu kang gedhe mau, aku banjur koncatan kakuwatanku kabeh; aku dadi pucet banget lan lemes.


Kocapa, bareng priya loro mau lagi padha arep mundur saka ing ngarsane, Petrus munjuk marang Gusti Yesus: “Guru, kawula sadaya sami rumaos begja sanget wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kalilana sapunika damel tarub tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun kagem Nabi Elia.” Nanging Petrus ora ngreti apa kang diaturake iku.


Ing mega kono tumuli ana swara keprungu mangkene: “Iki PutraningSun kang Sunpilih, padha estokna dhawuhe!”


Nalika weruh Panjenengane, aku tumuli ambruk ana ing ngarsaning sampeyane kaya wong mati; nanging aku banjur ditumpangi astane kang tengen, banjur ngandika: “Aja wedi! Ingsun iki Kang Wiwitan lan Kang Wekasan,


Pak Manoakh banjur kandha marang somahe: “Mesthi aku lan kowe bakal padha mati, amarga wus padha ndeleng marang Gusti Allah.”


Ing kono Gidheon mangreti, yen iku mau Sang Malaekate Pangeran Yehuwah, sarta banjur munjuk: “Adhuh, cilaka kawula, dhuh Pangeran Yehuwah, amargi kawula kok ngantos ningali aben-ajeng kaliyan Sang Malaekatipun Pangeran Yehuwah.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan