Gusti Yesus ngandika maneh: “Putraning Manungsa iku pinesthi nandhang sangsara akeh sarta katampik dening para pinituwa lan para pangareping imam apadene para ahli Toret, nuli disedani, lan ing telung dinane bakal kawungokake.”
Lan kita kabeh iki padha ngatonake kamulyane Gusti kalawan rai kang ora katutupan kaya ana ing pangilon sarta padha kasalinan rupa madhani pasemone iku kalawan kamulyan kang mundhak-mundhak, kang asale saka Gusti kang asipat Roh.
kang bakal nyantuni badan kita kang nistha iki, temahan dadi madha rupa karo sarirane kang mulya, manut panguwaose kang bisa nelukake samubarang kabeh marang Panjenenane.
Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.
Atur wangsulanku: “Bapak, punika panjenengan ingkang uninga.” Pinituwa mau banjur ngandika marang aku: “Iku para kang luwar saka ing sangsara gedhe sarta wus padha ngumbah jubahe nganti putih ing rahe Sang Cempe.