Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah, tuwin kaya semen saka ing lembah garing. Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahan kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi, kang menginake kita.
Gusti Yesus banjur katon santun cahya ana ing ngarepe para sakabat mau, pasuryane mancorong kaya srengenge, sarta pangagemane putih sumorot kaya pepadhang.
Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabate padha sowan ing ngarsane. Banjur padha didangu: “Wong akeh iku padha ngarani Aku iki sapa?”
Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita, lan aku wus padha nyawang kamulyane, iya iku kamulyan kang kaparingake marang Panjenengane kang jumeneng Putrane ontang-anting Sang Rama, kang kapenuhan ing sih-rahmat lan kayekten.
Aku banjur weruh dhampar gedhe putih lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lan langit padha sirna saka ing pangayunane lan wus ora ketemu maneh papane.