Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:27 - Kitab Sutji

27 Aku pitutur marang kowe: Satemene ing antarane wong kang ana ing kene iki, ana kang bakal padha ora ngrasakake pati, manawa durung nyumurupi Kratoning Allah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:27
11 Iomraidhean Croise  

Satemene Aku pitutur marang kowe: Wong-wong kang padha ana ing kene iki ana kang ora bakal padha mati, sadurunge sumurup Putraning Manungsa rawuh ing kratone.”


Aku pitutur marang kowe: Satemene Aku ora bakal ngombe maneh saka pametune wit anggur, nganti tumeka dinane Aku bakal ngombe kang anyar ana ing Kratoning Allah.”


Pangandikane maneh mangkene: “Aku pitutur marang kowe, satemene wong kang ana ing kene iki ana kang bakal ora mati, sadurunge padha ndeleng rawuhe Kratoning Allah kalawan panguwasa.”


Iku wis pinaringan wangsit dening Sang Roh Suci, yen bakal ora mati sadurunge ndeleng Sang Kristus, yaiku kang Jinebadan dening Pangeran.


sabab Aku pitutur marang kowe: wiwit saiki iki Aku ora bakal ngombe pametuning wit anggur maneh, nganti tumeka sawise Kratoning Allah rawuh.”


Ing daleme RamaKu akeh panggonan. Manawa ora mangkono, kowe rak mesthi wis padha Dakkandhani. Awit Aku mrana prelu nyawisake papan marang kowe.


Nanging kang Dakpituturake marang kowe iki bener: Luwih maedahi marang kowe, manawa Aku lunga. Jalaran manawa Aku ora lunga, Sang Juru Panglipur iku ora bakal ngrawuhi kowe, nanging manawa Aku lunga, Sang Juru Panglipur Dakutus marang kowe.


Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci.


Nanging Panjenengane, kang sawatara mangsa didadekake luwih asor sathithik tinimbang para malaekat, yaiku Gusti Yesus, kita sumurup, kang jalaran anggone nglampahi sangsara seda, banjur kamakuthan kamulyan lan kaurmatan, supaya marga saka sih-rahmate Gusti Allah, Panjenengane nglampahi seda iku kanggo manungsa kabeh.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan