Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:26 - Kitab Sutji

26 Awit sing sapa isin marga saka Aku lan pituturKu, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, besuk manawa Panjenengane rawuh kanthi kamulyane piyambak, lan kamulyane Sang Rama sarta para malaekat suci.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:26
30 Iomraidhean Croise  

Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan.


ana kali geni kang metu lan mili saka ing ngarsane; Panjenengane kaladosan ing ewoning ewon lan puluhan ewon ping puluhan ewon. Pradata Pangadilan banjur marepat lan kitab-kitab padha kabukakan.


Awit Putraning Manungsa bakal rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekate; ing nalika iku Panjenengane bakal ngganjar marang sawiji-wijining wong manut panggawene.


“Besuk manawa Putraning Manungsa rawuh ngagem kamulyane lan sakabehing malaekat padha ndherekake, Panjenengane banjur lenggah ing dhampar kamulyan.


Paring wangsulane Gusti Yesus: “Kowe wis ngarani. Nanging Aku kandha marang kowe kabeh: Wiwit saiki kowe bakal ndeleng Putraning Manungsa lenggah ing satengene Kang Maha Kuwasa lan rawuh nitih meganing langit.”


Sabab sing sapa isin marga saka Aku lan marga saka tembung-tembungKu ana ing ngarepe jinis kang ora setya lan dosa iki, Putraning Manungsa iya bakal lingsem marga saka wong iku, manawa besuk rawuh ngagem kamulyane Ingkang Rama, ginarebeg ing para malaekat suci.”


Awitdene padha luwih seneng marang kaurmatan kang saka manungsa tinimbang karo kaurmatan kang saka ing Gusti Allah.


Kowe iku anggonmu pada bisa pracaya kapriye, dene padha purih-pinurih ing kaurmatan, mangka kaurmatan kang saka Gusti Allah Kang Maha-Tunggal iku ora kokgayuh.


Atur wangsulane: “Kornelius satunggaling opsir ingkang manahipun mursid saha ngabekti dhateng Gusti Allah punapadene ingkang sampun kondhang sae wonten ing antawisipun bangsa Yahudi sadaya, sampun tampi wangsiting Allah lumantar malaekat suci, supados ngaturi rawuh panjenengan dhateng ing griyanipun saha mirengaken punapa ingkang badhe panjenengan ngandikakaken.”


Ujer aku ora isin mungguhing Injil, awit Injil iku kakiyatane Gusti Allah kang ndadekake rahayu angger wong kang pracaya, luwih-luwih wong Yahudi, nanging uga wong Yunani.


Mulane aku seneng lan rila ana ing kaapesanku, ing sajroning kasiksa, ing karibedan, ing panguya-uya lan karupekan marga saka Sang Kristus. Awit yen aku apes, iku aku kuwat.


Dene aku ora pisan-pisan gelem gumunggung, kajaba ing bab salibe Gusti kita Yesus Kristus, sabab marga saka Panjenengane jagad wus disalib kanggo aku lan aku kanggo jagad.


Piwelingku marang kowe kalawan temen-temen ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus sarta para malaekat pepilihane: pituduh iki wigatekna tanpa kasujanan lan tumindakmu tumrap ing samubarang kabeh ditanpa pilih kasih.


Iya iku kang njalari aku nandhang sangsara iki kabeh, nanging aku ora isin, sabab aku sumurup sapa kang dakandelake sarta aku yakin, yen Panjenengane iku kuwaos rumeksa marang apa kang wis dipitayakake marang aku nganti tumeka ing Dinaning Pangeran.


manawa kita nahanake iya bakal ndherek Panjenengane ngereh; manawa kita nyelaki Panjenengane iya bakal diselaki Panjenengane;


sarta nganggep, manawa karemehake amarga saka Sang Kristus iku kasugihan kang luwih gedhe tinimbang karo sakehing rajabranane tanah Mesir, awit kang ditenga iku kanugrahan.


Awit saka iku, lah payo padha sowan Panjenengane ana ing sajabane pakuwon sarta nglabuhi kanisthane.


Mungguh ing wong-wong iku, iya wis ana pamecane Sang Henokh, turun kang kapitu saka Bapa Adam, wiraose: “Lah Pangeran rawuh ginarebeg ing abdine para suci puluhan ewu


Kawruhana, Panjenengane rawuh nitih mega lan saben mripat bakal ndeleng Panjenengane, dalah wong kang wus padha nyubles Panjenengane. Sarta sakehing bangsa ing salumahing bumi bakal sambat-sambat marga saka Panjenengane. Iya, Amin.


Aku banjur weruh dhampar gedhe putih lan Panjenengane, kang nglenggahi. Bumi lan langit padha sirna saka ing pangayunane lan wus ora ketemu maneh papane.


Nanging para wong kang jirih, lan wong kang ora pracaya, kang ambek nistha, kang mateni wong, kang laku jina, kang olah panenungan, kang nyembah brahala, lan sakehe wong kang para-cidra, iku pandumane ana ing sagara geni lan walirang kang murub; yaiku pati kang kapindho.”


Sing sapa unggul, iku bakal dienggoni sandhangan putih kaya mangkono; lan jenenge mesthi bakal ora Sunbirat saka ing buku kauripan, sarta jenenge bakal Sunakeni ana ing ngarsane RamaningSun lan ing ngarepe para malaekate.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan