23 Kabeh banjur padha dipangandikani: “Saben wong kang kepengin ngetutburi Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe, saben dina manggul salibe lan ngetutake Aku.
Mulane kowe padha matenana samubarang kang asipat kadonyan kang ana ing awakmu, yaiku laku jina, tindak rusuh, hawa nepsu, kapencut, mangkono uga budi kethaha, kang dadi ewone panyembah brahala,
Iku merdi marang kita, supaya kita ninggal pamblasar lan kamelikan kadonyan sarta supaya kita duwea laku kang wicaksana, adil tuwin mursid ana ing donya samengko iki,