Nalika padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yesus paring piweling marang para sakabate mau, pangandikane: “Wahyu iku mau aja kokkandhak-kandhakake marang sapa bae, sadurunge Putraning Manungsa kawungokake saka ing antarane wong mati.”
Banjur kadhawuhan dening Gusti Yesus: “Poma bab iki aja kokkandhakake marang sapa-sapa. Wis lungaa, awakmu tuduhna marang imam lan caosa kurban, sing diprentahake dening Nabi Musa, minangka paseksi marang wong.”