Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:2 - Kitab Sutji

2 Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:2
14 Iomraidhean Croise  

Wong rolas mau padha diutus dening Gusti Yesus sarta diparingi piweling mangkene: “Kowe aja padha nyimpang menyang ing dalane wong kapir lan aja lumebu ing kuthane wong Samaria,


Manawa ana wong kang krungu pangandika bab Kratoning Swarga, mangka ora mangreti, banjur si pangawak dursila teka ngrebut apa kang kasebar ing atine; yaiku wiji kang kasebar ing pinggir dalan.


Sarta Injiling Kraton iki bakal kawartakake ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabehing bangsa. Sawise iku lagi dina wekasan.”


“Padha mratobata, amarga Kratoning Swarga wus cedhak!”


Banjur ngandika marang para sakabat mau: “Padha njlajahana jagad iki kabeh, Injil wartakna marang sakabehing tumitah.


Rasul rolas banjur mangkat lan memulang, supaya wong-wong padha mratobata


Sawise iku Gusti nuding wong pitung puluh maneh padha diutus ngloro-ngloro ndhisiki Panjenengane, menyang ing saben kutha lan panggonan kang bakal dirawuhi.


Dalasan bleduging kuthamu kang tumempel ing sikilku dakketabake ana ing ngarepmu, nanging sumurupa: Kratoning Allah wis cedhak.


wong kang padha lara ing kono padha warasna, apamaneh wong-wong padha tuturana: Kratoning Allah wis nyedhaki kowe.


Angger-anggering Toret lan kitab-kitabe para nabi iku kanggone nganti tumeka jamane Nabi Yokanan. Wiwit ing wektu iku Injil Kratoning Allah kaundhangake lan saben wong rebutan arep lumebu ing kono.


Nanging wong akeh iya padha weruh, lan tumuli padha nututi. Kabeh padha ditampani dening Gusti Yesus lan padha dipangandikani bab Kratoning Allah. Dene kang nandhang lelara padha kawarasake.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan