Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:19 - Kitab Sutji

19 Atur wangsulane: “Nabi Yokanan Pambaptis. Wonten ugi ingkang mastani Nabi Elia, wonten malih ingkang mastani salah satunggaling nabi ing jaman kina ingkang sampun wungu.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:19
12 Iomraidhean Croise  

Lah sadurunge teka dinane Sang Yehuwah kang gedhe lan kang nggegirisi iku, Ingsun bakal ngutus Nabi Elia marang sira.


banjur ngandika marang para abdine: “Iku Yokanan Pambaptis; wis tangi saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten kaya mangkono.”


Ing nalika samana Nabi Yokanan Pambaptis rawuh ing ara-ara samun ing tanah Yudea, nggelarake piwulang, pangandikane:


Sang Prabu Herodhes iya midhanget bab Gusti Yesus, sabab Asmane wis kondhang lan wong-wong padha kandha: “Nabi Yokanan Pambaptis wis wungu saka ing antarane wong mati, mulane kadunungan kasekten mangkono.”


Ana maneh kang ngucap: “Iku Nabi Elia!” Liyane maneh kandha: “Iku sawijining nabi kaya nabi-nabi sing uwis-uwis.”


Ing sawijining dina nalika Gusti Yesus pinuju ndedonga piyambakan, para sakabate padha sowan ing ngarsane. Banjur padha didangu: “Wong akeh iku padha ngarani Aku iki sapa?”


Gusti Yesus nuli ndangu marang para sakabat: “Lah yen kowe, Aku iki kokarani sapa?” Atur wangsulane Petrus: “Sang Kristusipun Gusti Allah.”


Pitakone kongkonan: “Manawi makaten panjenengan punika sinten? Punapa Nabi Elia?” Paring wangsulane Nabi Yokanan: “Dudu.”


Iku banjur nyuwun pirsa maneh: “Manawi panjenengan sanes Sang Kristus, sanes Nabi Elia, sanes nabi ingkang sami kula antos-antos, punapaa dene panjenengan kok mawi mbaptis?”


Wong akeh iku bareng krungu pangandika iku mau, ana sawatara kang banjur ngucap: “Nyata yen iku Kangjeng Nabi kang kita anti-anti.”


Para wong Farisi banjur padha ngandika maneh marang wong kang maune wuta iku: “Panganggepmu marang wong iku kapriye, rehne kowe kang dielekake mripatmu?” Ature kang didangu: “Panjenenganipun punika nabi.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan