Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 9:11 - Kitab Sutji

11 Nanging wong akeh iya padha weruh, lan tumuli padha nututi. Kabeh padha ditampani dening Gusti Yesus lan padha dipangandikani bab Kratoning Allah. Dene kang nandhang lelara padha kawarasake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 9:11
21 Iomraidhean Croise  

Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjarang marang wong kang padha kaukum,


Nanging sarehne Gusti Yesus ora kekilapan bab iku, banjur tedhak saka ing kono. Akeh wong kang padha ndherekake, dene kang lara padha diwarasake kabeh.


Nalika Gusti Yesus minggah ing dharatan, mirsa wong pirang-pirang, kang akeh banget cacahe, panggalihe trenyuh marga saka welase marang wong-wong mau. Sing padha lara banjur diwarasake.


Anak loro mau endi sing nindakake karepe bapakne?” Atur wangsulane wong-wong mau: “Ingkang kantun.” Pangandikane Gusti Yesus: “Satemene pituturKu marang kowe: para juru-mupu-beya lan para wanita tuna-susila bakal ndhisiki kowe lumebu ing Kratoning Allah.


Mulane Aku pitutur marang kowe, yen Kratoning Allah bakal kapundhut saka ing kowe lan bakal diparingake marang sawijining bangsa kang bakal metokake wohe.


Panjenengane ngluberake samubarang kang becik marang wong kang keluwen, lan wong kang sugih padha tinundhung legeh.


Gusti Yesus banjur paring wangsulan, pangandikane: “Wong waras iku ora butuh dhokter, mung sing lara.


Sawise iku ora let suwe Gusti Yesus banjur tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martakake Injil Kratoning Allah, kadherekake dening sakabate rolas,


Gusti Yesus tumuli mangsuli, pangandikane: “Kowe kang padha diparengake nyumurupi kekerane Kratoning Allah, nanging wong liyane padha kaparingan kang adhapur pasemon, supaya sanadyan padha ndeleng, ora weruh, lan sanadyan padha krungu, ora ngreti.


Bareng para rasul wis padha bali, padha matur marang Gusti Yesus bab apa kang wis padha katindakake. Banjur padha didhawuhi ndherek nyingkir menyang ing sawijining kutha kang aran Betsaida, dadi mung para sakabat karo Panjenengane bae.


Bareng wis sore para sakabat rolas padha sowan ing ngarsane sarta matur: “Tiyang kathah punika bok sami dipun dhawuhi kesah dhateng dhusun utawi kampung-kampung sakiwa tengenipun ngriki, pados pasipengan saha tedha, amargi kita wonten ing ngriki punika wonten ing panggenan ingkang sepi.”


Banjur padha diutus martakake Kratoning Allah lan marasake wong lara,


Pangandikane Gusti Yesus: “Kang dadi panganKu iya iku anggonKu nglakoni karsane kang ngutus Aku, sarta ngrampungake ayahane.


Kabeh kang diparingake marang Aku dening Sang Rama, iku bakal padha marani Aku. Sarta sapa kang marani Aku ora bakal Daktampik.


Panjenengane martakake Kratoning Allah lan mulang bab Gusti Yesus Kristus kalawan tatag sarta ora ana kang mambengi.


Nanging kapriye anggone padha bisa nyebut marang Panjenengane? Kapriye anggone padha pracaya ing Panjenengane, yen padha ora krungu bab Panjenengane? Kapriye anggone padha krungu bab Panjenengane manawa ora ana kang martani?


Dadine pracaya iku thukule awit saka pangrungu, sarta pangrungu iku marga saka pangandikane Sang Kristus.


Awit Sang Kristus uga ora ngupaya keparenge piyambak, nanging kaya kang katulisan, wiraose: “Tembung-tembung panacadipun tiyang ingkang sami nenacad Paduka, dhumawah dhateng kawula.”


Kowe nggelarna pangandika, sumanggema ing wektu kang becik, utawa ing wektu kang ora becik, melehna apa kang luput, nyrengenana lan mituturana kalawan sakehing kasabaran lan piwulang.


Kang iku payo padha sowan kalawan kendel marang dhamparing sih-rahmat, supaya kita oleh palimirma sarta nemu sih-rahmat kang njalari kita kapitulungan ing mangsa kang becik.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan