Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:8 - Kitab Sutji

8 Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohe tikel satus.” Sawise ngandika mangkono Gusti Yesus banjur nguwuh mangkene: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:8
25 Iomraidhean Croise  

Anadene Rama Iskak nuli nyebar wiji ana ing tanah kono, oleh-olehane ing taun iku uga nganti tikel satus, marga diberkahi dening Sang Yehuwah,


Kuping kang krungu lan mripat kang ndeleng, iku karo-karone Sang Yehuwah kang akarya.


Kawicaksanan rak nguwuh-uwuh, lan kapinteran rak ngetokake swarane?


Mara rungokna, nilingna, aja gumunggung, amarga Sang Yehuwah wus ngandika.


Mangkono maneh Sang Yehuwah tansah ngutus para abdine, yaiku para nabi, nanging kowe padha ora manut sarta ora nggatekake.


Sing sapa duwe kuping, ngrungokna.


Nanging kang kasebar ing lemah becik iya iku wong kang ngrungokake pangandika lan mangreti, mulane iya banjur metu wohe, ana sing tikel satus, ana sing tikel sawidak, ana sing tikel telung puluh.”


Wekasan sing disebar ing lemah kang becik, yaiku wong kang ngrungokake sarta nampani pangandika, banjur metu wohe, ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, lan ana kang tikel satus.”


Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake iku ngrungokna!”


Ana kang tumiba ing lemah becik, iku thukul kanthi subur lan banjur metu wohe ana kang tikel telung puluh, ana kang tikel sawidak, ana kang tikel satus.”


[Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”]


Wis ora ana gunane, kanggoa tegal utawa kanggoa rabuk, mung banjur dibuwang bae. Sing sapa duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!


Anadene kang tumiba ing lemah becik iku wong kang sawise padha ngrungokake pangandika, tumuli disimpen ing sajroning ati kang becik, sarta mantep lan metokake woh.”


Ana maneh kang tumiba ing satengahe thethukulan eri, banjur thukul bebarengan, temahan wijine mati kelindhih.


Marga kita iki titahe Gusti Allah, katitahake ana ing Sang Kristus Yesus, supaya padha nglakoni panggawe becik kang kacawisake Gusti Allah sadurunge, minangka ambah-ambahan kita.


temah uripmu ana ing ngarsane bisa kalawan sapatute lan ndadekake keparenge tumrap sadhengah prakara, lan sajrone nindakake sakabehing panggawe becik bisa metokake woh, lan maneh saya mundhak murni kawruhmu ing bab Gusti Allah,


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna!


Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan: Sing sapa unggul, iku bakal ora nandhang susah ana ing pati kang kapindho.”


Sapa sing duwe kuping, ngrungokna apa kang dipangandikakake dening Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan. Sing sapa unggul, iku bakal Sunparingi mangan wohe wit panguripan kang ana ing Patamanane Pirdus Gusti Allah.”


Sapa kang duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


Sing sapa duwe kuping, ngrungokna apa kang dadi pangandikane Sang Roh marang pasamuwan-pasamuwan.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan