Ujer Sang Yehuwah ngandika marang wong ing Yehuda lan wong kang manggon ing Yerusalem mangkene: “Sira mbukaka palemahan anyar kanggo sira lan aja nyebar ing tengahing eren.
Sabanjure kang kasebar ing eren, yaiku wong kang ngrungokake pangandika, banjur sumelanging donya lan daya pamblithuking kasugihan padha ngendhih pangandika mau, temahan ora metu wohe.
“Padha jaganen awakmu dhewe, atimu aja nganti kabotan dening pista gedhen lan mendem, tuwin dening kasusahaning ngaurip sarta supaya Dinaning Pangeran mau aja nganti tumempuh marang kowe kalawan dadakan kayadene kalajiret.
Kang tumiba ing thethukulan eri iku wong kang padha ngrungokake pangandika, nanging sajrone thukul iku tumuli kelindhih ing rasa sumelang, kasugihan lan kanikmataning ngaurip satemah ora bisa metokake woh kang mateng.
Lan ana uga kang tumiba ing lemah becik, iku thukul sarta metu wohe tikel satus.” Sawise ngandika mangkono Gusti Yesus banjur nguwuh mangkene: “Sapa kang duwe kuping kanggo ngrungokake, ngrungokna!”