ora kaya prajanjian kang Sundamel karo leluhure, nalika Ingsun nganthi tangane, ing wektu ngentasake para wong iku saka ing tanah Mesir; prajanjian iku wus diselaki; sanadyan Ingsun jumeneng Gusti, kang nguwasani wong-wong iku, – mangkono pangandikane Sang Yehuwah –.
Gusti nuli ngasta tangane wong picak mau lan dituntun menyang ing sajabane desa, tumuli dkecohi mripate lan ditumpangi asta sarta kadangu: “Apa kowe wis bisa ndeleng apa-apa?”
Sarawuhe ing omahe Yairus, Gusti Yesus ora marengake wong siji-sijia ndherek mlebu Panjenengane, kajaba Petrus, Yokanan lan Yakobus tuwin bapakne sarta ibune bocahe.
Nanging kabeh nuli didhawuhi metu dening Rasul Petrus. Panjenengane banjur jengkeng lan ndedonga. Sawise mangkono nuli minger ngadhepake layon mau sarta ngandika: “Tabita, tangia!” Tabita nuli melek lan bareng ndeleng Rasul Petrus, banjur njenggelek linggih.
iya kaya kang katulisan, wiraose: “Sira iku wus Sunpasthekake dadi bapakne bangsa akeh,” – ana ing ngarsane Gusti Allah kang wus diandelake, kang nguripake wong mati sarta kang nyabdakake apa kang ora ana dadi ana.