Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




LUKAS 8:51 - Kitab Sutji

51 Sarawuhe ing omahe Yairus, Gusti Yesus ora marengake wong siji-sijia ndherek mlebu Panjenengane, kajaba Petrus, Yokanan lan Yakobus tuwin bapakne sarta ibune bocahe.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




LUKAS 8:51
13 Iomraidhean Croise  

Sawuse lumebet, lawange tumuli kainebake, dadine mung kari panjenengane piyambak lan bocahe kang ana ing kamar. Nabi Elisa banjur ndedonga marang Sang Yehuwah.


Iku ora bakal alok-alok utawa nyerokake swarane lan ora bakal ngumbar swara ana ing dedalan.


Petrus, Yakobus lan Yokanan padha kadhawuhan ndherek. Panjenengane kraos ajrih banget lan gumeter,


Simon, kang uga diparingi jeneng Petrus, lan Andreas sadulure Simon, Yakobus lan Yokanan, Filipus lan Bartolomeus,


Nanging Gusti Yesus mireng sarta banjur ngandika marang Yairus: “Aja wedi, kumandela bae, anakmu bakal slamet.”


Kabeh wong padha nangisi bocahe kalawan ngadhuh-adhuh. Nanging Gusti Yesus ngandika: “Aja padha nangis, bocahe ora mati, mung turu.”


Kira-kira wolung dina sawise paring piwulang mau kabeh, Gusti Yesus banjur minggah ing gunung arep ndedonga; Petrus, Yokanan lan Yakobus kadhawuhan ndherek.


Nanging kabeh nuli didhawuhi metu dening Rasul Petrus. Panjenengane banjur jengkeng lan ndedonga. Sawise mangkono nuli minger ngadhepake layon mau sarta ngandika: “Tabita, tangia!” Tabita nuli melek lan bareng ndeleng Rasul Petrus, banjur njenggelek linggih.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan