Sang Musa tumuli wangsul manggihi Imam Yitro mara-sepuhe, sarta ature: “Kula kalilana wangsul manggihi sanak-kadang kula ingkang wonten Mesir, badhe kula tuweni, punapa taksih sami gesang?” Wangsulane Imam Yitro: “Iya becik mangkata kalawan tentrem!”
Banjur ana wong lumpuh nggluntung ing paturon diusung disowanake menyang ing ngarsane. Bareng Gusti Yesus mirsa pangandele wong-wong iku, nuli ngandika marang kang lumpuh: “He, ngger, sing enak bae atimu, dosamu wus kaapura.”
Nanging Gusti Yesus banjur minger, mirsani wong wadon iku mau sarta ngandika: “Dienak atimu, ngger, pangandelmu kang marasake kowe.” Wiwit ing nalika iku wong wadon mau dadi waras.
Bareng wong wadon iku mau ngreti, yen kauningan, banjur marek kalawan gumeter, sumungkem ing ngarsane apadene tumuli mratelakake marang wong akeh, apa sababe ndemek Panjenengane sarta anggone sanalika banjur waras.
Amarga kia uga padha kawartanan kabar kabungahan, padha kaya wong-wong iku, nanging pangandika kang kawartakake iku tanpa guna tumrap wong-wong mau, jalaran ora kinanthenan pracaya dening kang padha ngrungokake iku.